Senin, 18 Februari 2013

Biografi Kumbakarna Dalam Bahasa Jawa



 Kumbakarna

Lampahan Kumbakarna Gugur, kados sampun mboten asing tumrap para kadang ingkang tresna dhumateng Budaya Wayang. Meh saben Dhalang sampun kersa ngrekam lampahan menika. Nanging kados dene rampadan, sanes koki ugi seje raosipun. Ing ngandhap kula cariyosaken sekedhik cuplikan adegan saking lampahan ingkang badhe katur.
Kocap, Prabu Dasamuka ingkang adreng nguwaosi Dewi Rakyan Sinta, mboten mendha angkara murkanipun, namging malah sangsaya ndadra. Senajanta ingkang paman inggih menika Patih Prahasta nembe dados kurban, kapupuh ing ngadilaga, nanging urubing angkara mboten saged kasirep. Semanten ugi putra ingkang dinama-dama amargi gadhah kasekten ingkang ngedab-edabi inggih Raden Bukbis Mukasura, temah sirna ing rananggana. Raden Bukbis Mukasura senajanta saged mandeng geseng mengsah saking daya panas ingkang sumorot saking netranipun, paripaksa sirna kenging kaca benggala ingkanga kaasta dening Raden Lesmana Widagda.
Mila Prabu Dasamuka lajeng ngutus ingkang Putra Indrajid Megananda ngaturi ingkang paman Raden Kumbakarna kinen majeng ing palagan. Raden Kumbakarna ingkang nedheng tapa nendra paripaksa ginugah dening ingkang pulunan. Ngendikanipun salajengipun ingkang kaucap dening ingkang paman, sagah, kanthi bebana tumpeng sewu.
Raden Kumbakarna menika anggenipun majeng ing palagan Mangliawan sejatosipun sanes ambelani angkara murkaning kadangipun sepuh, inggih punika Prabu Dasamuka. Anggenipun majeng ing rananggana, Raden Kumbakarna tumindak makaten,  minangka wujud bela negari, ingkang kalurug dening wadya bala wanara saking Pancawati. Amargi saking menika, pujangga sastra ing jaman rumiyin nggolongaken Raden Kumbakarna dados salah satungaling paraga ingkang katulis ing serat Tripama minangka paraga ingkang saged dados tepa palupi wujud paraga pahlawaning bangsa.
Sanes cariyos, kejawi Raden Kumbakarna, tokoh kontroversial sanesipun ingkang kalebet dados conto sae tumrap jejering paraga ingkang dados tepa palupi pahlawaning bangsa, inggih menika Adipati Karna.
Putra kaping kalih saking sedaya putra Begawan Wisrawa ingkang wujud raseksa menika ing cariyosipun Ki Hadi Sugito, gugur wonten ing palagan paprangan antawisipun wadyabala saking Ngalengkadiraja lan wadya Pancawati, awit katrajang panah ingkang linepasan dening Raden Lesmana Widagda. Ngungunipin, gugurpun Raden Kumbakarna menika awit saking iguh pertikelipun rayinipun Raden Kumbakarna piyambak, ingkang mabalik tingal dados mata pitaning Pancawati, inggih menika Raden Gunawan Wibisana. Ing cariyosipun ringgit purwa, Raden Gunawan Wibisana awit dene mbalik tingal katelah Arya Balik.
Rikala semanten, Narpati Sugriwa ingkang methukaken yudanipun Raden Kumbakarna mboten mangga puliha mengsah karosan lan kasektenipun Raden Kumbakarna. Raden Kumbakarna ingkang sejatosipun sanget kapang kaliyan rayinipun, inggih menika Raden Wibisana, anggenipun tandhing kaliyan Narpati Sugriwa malah kados dene nglela-lela angganipun Narpati Sugriwa. Kajengipun sinambi ngentosi timbulipun ingkang rayi, Gunawan Wibisana. Nanging saking lenanipun anggenipun nglela Narpati Sugriwa, grananipun Sang Kumbakarna saged kacokot, ing wekdal menika Narpati Sugriwa saged uwal saking panlikungkipun Raden Kumbakarna.
Adegan  ingkang nganyut anyut jiwa kapireng ing wahyanipun Raden Kumbakarna nalika sampun dumugi tiwas. Senajanta raga sampun sinempal sempal nalika samanten, nanging gembungipun gumlundhung mbrastha kathaing wadya wanara ingkang kalindhes dening liwungipun gembung.

Nalika semanten Raden Gunawan saged pepanggihan kaliyan ingkang raka, senajanta Raden Kumbakarna sampun wujud badan alus. Ing mriku, Raden Kumbakarna prasetya mboten badhe minggah ing tepet suci, menawi mboten sesarengan kaliyan ingkang rayi, Raden Wibisana. Para sutresna ringgit purwa temtu kemawon saged uninga ing lampahan Mahabarata, nalika lampahan Wahyu Makutharama. Raden Kumbakarna saged pepanggihan malih kaliyan ingkang rayi , Gunawan Wibisana ingkang sampun ngrucat pepenginan eden-eden ing Janaloka, ingkang wujud napsu 5 perkawis. Nanging paripaksa Sang Kumbakarna dereng saged tumut kaliyan ingkang rayi, awit kedah ngambali laku darma.
Laku darma wau kedah dipun tebus awit saking tindak ingkang wekdal menika dipun lampahi. Wekasanipun Sang Kumbakarna kedah sajiwa kaliyan Satriya Munggul Pawenang, inggih Raden Werkudara. Lha ing mriki empu Jawi saged nggandeng suraosipun lampahan Ramayana lan Mahabarata sinaosa seje pangriptanipun.
Kados pundi mutu audio ingkang sampun kacithak nalika ing tahun 1990? Elooook. . . . .
Saking primpenipun anggenipun ngrimat wujud kaset seluloid ingkang cacahipun 7 iji, ngatos tancep kayon swantenipu taksih cling. Elokipun stereo ingkang karekam sanget pilah. Malah kalih microphone ingkang kaagem dening para waranggana saged kapireng kadhang wonten sisih kiwa, ingkang setunggal malih waranggana lan penggerong wonten sisih kanan. Nyamleng tenaaaaaannnn . . . . .

1 komentar:

  1. Slots - How to Play Free Slots Online - DrmCD
    We have tested and tested some popular slots and 천안 출장샵 mobile slots games, and gave 전라북도 출장마사지 it a 아산 출장안마 thumbs up rating. Online Slots 영천 출장마사지 – Casino games from 거제 출장안마 Real Money Games.

    BalasHapus