Rabu, 28 November 2012

Cetak Bahasa Jwa



Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Suwijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu golek barang-barang kebutuhan bulanan ning swalayan. Ndilalahe pas parkir ning ngarep swalayan, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.

Sakwise rampung belanja Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima iso dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.

Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku isa dinggo mbukak mobile wong liya?

Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung iso dinggo mbukak siji mobil thok, ora iso dinggo mobil liyane!

Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki iso mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh! 

Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mbrono ngecek mobile Mbak Ima

Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci iso dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya tho! Mobilku iso kleru karo mobile wong liya!
Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi.

Sakwise sauntara waktu sing nduwe mobil wis rampung belanja lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, iso dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.

Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere njih!

Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake iso mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lingguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek... 

Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry njih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar